Budaya

Masyarakat Desa Wisata Candirejo

Nguri-uri Tradhisi Saparan Ruwat Bumi

Acara tradhisi Saparan “Ruwat Bumi” ing desa wisata Candi Rejo Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang, minangka salah sijine upacara adat sing tumekane saiki isih diuri uri dening warga masyarakat ing kene. Malah dimekarake minangka ‘obyek wisata budhaya’ sing dadi daya tarik tumrap wisatawan. Upacara adat saparan merta desa “Ruwat Bumi” iki minangka wujud syukur mayarakat magepokan karo asil panen sawernane wuluwetu desa iki, sarta atur panuwun marang Gusti Allah Sing Maha Kuwasa amrih tansah pinaringan keslametan lan pangayomane lan nenuwun undhake wuluwetu asil tetanen.

Ruwat Bumi utawi sedhekah bumi iki minangka budya spiritual magepokan karo kepercayaan lan agama sing karasuk warga masyarakat wiwit jaman kuno tumekane saili. Dene rerangken acarane ora uwal saka sesaji mingguran,kenduri,lan wayangan. Sesaji ‘sego gurih’ lan ubarampene, klebu ingkung pitik jago, biyen ngemu werdi minangka gambaran Gunung Himalaya kanthi pucuk Suralaya papan palenggahan para dewa, manut ajaran agama Hindu. Merga desa Candirejo dununge ing sukune pucuk suralaya. Pegunungan menoreh. Ingkung pitik jago ngemu werdi minangka wujud pasrah bomgkokan, ora mangro tinggal, ing babagan kepercayaan. Nlika agama Islam sing kasebaran Sunan Kalijaga mlebu lan karasuk saperangan gedhe masyarakat tlatah iki,tumpeng sego gurih lan ingkung jago mau ngemu teges ‘rasulan’ minangka sadhekah kanggo sapadha-padha nindakake dhawuhe Nabi Muhammad SAW.

Sesaji liyane awujud ‘sega golong milang dusun’ sing15 cacahe, minangka perlambang anane 15 dhusun ing dhesa iki. ‘Sego Golong’ sing cacahe 9 mau, ndhuwe makna niyat sing ”golong giling”, lan manunggale Kawula Gusti. Sajen utawa larakan liyane saka wulu-wulu bumi Candirejo awujud pala kependhem, pala gumanthung, pala kesimpar, sing werdine nyuwun barokah supaya asil tetanen ing desa iki tansah tambah lan manfaat. Ana maneh sesaji wujud’Golong Kencana’ awujud sega golong ketan sing katutup lan linambari dadaran endhong tanpa uyah. Dene sesaji awujud jajanan pasar, ingkung panggang, klapa rong pasang lan pithik cilik urip. Kabeh mau kudu kacawisake ing pagelaran wayang kulit.

Upacara ‘ruwat bumi’ iki minangka perlambang sesambutan antarane manungsa karo Gusti Allah SWT, manungsa karo leluhure, manungsa karo manungsa sepadha-padha, lan manungsa karo alam sakubenge. Kbeh mau minangka wujud “Ruwat Bumi” ing desa Candirejo sing dunggeudakaran 3 kilometer sisih wetan Candi Borobudur,diadani wiwit dina Kemis Wage, Jumuah Kliwon, lan Setu Legi tanggal 18,19 lan 20 Sapar 1940 Ehe, utawa tanggal 8,9 lan 10 Maret 2007. Kanggo luwih nggrengsengake acara iki uga diadani ‘Lomba Rafting se Jawa-Bali sing dieloni kelompok-kelompok rafting mahasiswa kanthi tema “From Campus back to nature” (Saka Kampus bali menyang alam). Lomba rafting iki kawiwitan saka blondo Kecamatan Mungkid, nurut liline kali Elo,lan finish ing padhepokan ‘Wtu Tmbak’ Desa Candirejo sing adihe udakara 10 km.

Rerabgken acara Saparan Ruwt Bumi iki kabukak Bupati Magelang, Ir.H.Singgih Sanyoto, sing katerusake pengajian dening Kyai H. Bejo Astajirun. Dene kendhuri ‘merti desa’ mapan ana ing baledesa, lan uga ing saben dhusun. Kesenian rakyat sing kagelaran Jthilan,Kabrosiswa,Dyakan, lan Lrasmadya.

Dina Setu 10 Maret 2007,ana prosesi utawa arak-arakan tumpeng saka kompleks sekolahan SLTP Candirejo menyang plataran bale desa. Sawernane kreasi tumpeng kanthi bahan dudu beras(okeh sing bahane telo pohung) pepak karo ubarampene lan rinengga paesan sawernane asli wuluwetu sing wujude endah-endah merga dibiji kaarak. Kabeh dhusun melu ngetoni lomba tumpeng iki, rawuh Gubernur Jawa Tengah,sing diwakili staf ahli, Drs. Nsucha, Kepala Dinas Pariwisata Propinsi Jawa Tengah, Ir. Sri Urtni Aminarsih, Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten Magelang, Drs. Wibowo Setyo Utomo, M.Si., Muspika Borobudur, dalah para tamu uleman liyane.

Manut Gubernur, desa Candirejo minangka desa wisata sing potensial produktif sing bisa nyuguhake sawernane kearifan lokal daerah. Kegiatan iki kaajab bisa nyangga paket wisata ing Candi Borobudur. Marga sektor pariwisata ing Jwa Tengah minangka basis wigati kanggo mujudake kamandirian wilayah. Kegiatan Ruwat Bumi iki kasuwun bisa menehi berkah lan undhake kasejahteraan lan kaslematan daerah, negara lan bangsa kanthi Ridho Allah SWT.

Dene ketua,SR Adi Yanto,Se, mratalekake, acara Saparan Ruwat Bumi iki minangka upaya ndhudhah potensi budaya lan alam ing desa Candirejo sing kaajab bisa kanggo makarake desa wisata. Kegiyatan pariwisata ing desa iki kanthi lelandhesan ska krentege masyarakat, sing kamekerake minangka obyek wisata budaya wiwit taon 2003 kepungkur. Amrih kasile kepariwisataan ing deso candirejo iki perlu anane panyengkuyung saka pamarintah lan paraga pariwisata. Kanthi anane kegiatan iki kaajab bisa mekar lan ana manfaate tumrap masyarakat.

Kidung “Ruwat Bumi” sing kaserake pak Ranu Prawiro, ing pungkasane acara iki minangka atur panuwun marang Gusti Allah SWT amrih tansah pinaringan pengayoman, keslametan lan rejeki tumrap wargo Candirejo. Ing lomba tumpeng sing kasil dadi juara 1 yaiku dhusun Brangkel, dene dhusun Sanggen lan Karekan, minangka juwara II lan III . Dene lomba rafting, Juwara I lan II yaiku Kelompok rafting “Mayapala” saka ‘Akakom’Yogyakarta, lan “Mapagama” kalompok rafting mahasiswa saka UGM Yogyakarta.

Ing Desa wisata akeh sawernane obyek wisata, yaiku obyek wisata alam lan wisata budaya. Obyek wisata alam sing mujudake “ecotourism” (wisata lingkungan) ing desa iki ana ‘Wtu Kendhil’ sing dununge ing pegunungan Manoreh, ‘Watu tambak ‘ lan ‘Kladon’ ing kali Progo,tuk banyu asin, pasarean Gunung Mijil, sarta tempurane kali progo lan elo sing endah sasawangane. Ing kali iki uga dadi papan jujugan mancing. Dene potensi kesenian rakyat ana ing saben dusun, kayadene Jathilan,Gatholoco,Wulungsunu,Sholawatan,wayang kulit, lan kethoprak.

Sanajan desa iki kurang banyu irigasi kanggo tetanen ing mangsa katiga, nanging akeh tetanduran woh-wohan sing dadi piyandele petani ing kene,yaiku rambuatn,jeruk,salak,lan kates. Sing nyengkuyung minangka desa wisata yaiku akeh omah wrga sing dadi ‘home stay’ (omah sawan) kanggo para wisatawan. Knthi wargane sing padha grapyak semanak lan ragad nginep sing ora larang, pra wisatawan kaajab bisa betah ngadani wisata ing desa iki. Kanggo nyediani cinderamata para wisatwn,masyarakat ing kene uga akeh sing makarya ing babagan kerajinan rakyat yaiku kerajinan pandan lan kerajinan saka pring

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: